GAMELAN KEBUKAN
Gamelan kebukan yaiku salah sawijining jenis piranti gamelan kang ditabuh nganggo tangan lan kanggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.
Tabuhe gamelan : Ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan tangan karo driji.
Cara tabuhe gamelan :
Dlong: swara iki metu saka tengah perangan kendhang kang gedhe (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan saperangan tlapakan kang langsung diculake. Swara iki nduwe nadha paling cendhek.
Dhah: swara iki metu saka sisih utawa pinggir perangan kendhang kang gedhe (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan saperangan tlapakan tangan kang langsung diculake.
Thung: swara iki metu saka tengah perangan kendhang kang gedhe, ditabuh nganggo driji kang langsung diculake. Yen ing kendhang ketipung, swara iki metu saka perangan kendhang kang gedhe ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding kang langsung diculake.
Ket: swara iki metu saka perangan tengah kendhang kang gedhe, ditabuh nganggo pucuk driji mligi pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculake (tetep nempel) utawa nutup.
Tong: swara iki metu saka sisih utawa pinggir perangan kendhang kang cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculake.
Tak: swara iki metu saka perangan kendhang kang cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan saperangan tlapakan tangan lan ora diculake utawa tetep nemplek, dene tlapakan tangan tengen nemplek ing perangan kendhang kang gedhe. Swara iki nduwe nadha paling dhuwur.
Deng: swara iki metu saka perangan kendhang kang gedhe, ditabuh nganggo kabeh driji ana ing sisih pinggir kendhang.
Jenise gamelan kebukan :
Kendhang Wayang
Keterangan sawetara : Kendhang iki racake ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.
Filosofi : Kendhang wayangan utawa kendhang sabet iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik katandhing kendang ageng ning luwih gedhe sithik katandhing ciblon lan uga nduwe nada swara luwih dhuwur katandhing kendhang ageng.
Kendhang Ageng
Keterangan sawetara : Swara kendhang ageng pada karo swara kendhang racake yaiku: dlong, dhah, thung, ket, tong lan tak. Masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.
Filosofi : Kendhang ageng utawa kendhang gendhing iku kendhang sing gedhe dhewe ukurane (kadhang karan kendhang gedhe) ning tetep luwih cilik katandhing bedhug. Kendhang gendhing iki nduwe nada swara sing cendhak dhewe katandhing jinis kendhang liyane. Ing kendhang satunggal, kendhang ageng iki ditabuh dhewe'an, yen ing kendhang kalih ditabuh bareng karo kendhang ketipung lan nganggo tempo rikat.
Kendhang Ciblon
Keterangan sawetara : Swara kendhang batangan pada karo swara kendhang racake lan masing-masing jinis swara iku metu saka teknik/cara nabuh sing beda-beda.
Filosofi : Kendhang ciblon utawa kendhang batangan iku kendhang sing nduwe ukuran sedeng, luwih cilik sithik katandhing kendang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur katandhing kendhang ageng. Kendhang iki uga umum karan ciblon. Ciblon racake ditabuh kanggo ngiringi joged.

Komentar
Posting Komentar