Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2019
GAMELAN KEBUKAN Gamelan kebukan yaiku salah sawijining jenis piranti gamelan kang ditabuh nganggo tangan lan kanggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Tabuhe gamelan : Ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan tangan karo driji. Cara tabuhe gamelan : Dlong: swara iki metu saka tengah perangan kendhang kang gedhe (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan saperangan tlapakan kang langsung diculake. Swara iki nduwe nadha paling cendhek. Dhah: swara iki metu saka sisih utawa pinggir perangan kendhang kang gedhe (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan saperangan tlapakan tangan kang langsung diculake. Thung: swara iki metu saka tengah perangan kendhang kang gedhe, ditabuh nganggo driji kang langsung diculake. Yen ing kendhang ketipung, swara iki metu saka perangan kendhang kang gedhe ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding kang langsung diculake. Ket: swara iki metu saka perangan tengah kendhang kang gedh...